expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Tuesday 12 February 2013

Contoh Pidato Bahasa jawa "perpisahan sekolah"


Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kinurmaten bapak kepala sekolah ugi bapak –ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas kaleh welas ingkang kula krisnani
Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak menika kita sedaya saged kempal wonten ingkang adicara perpisahan sak menika

Kula piyambak ngaturaken matursuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem bapak-ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa

mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki.woten ing adicara menika ,kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak-ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja.mugi-mugi bapak-ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Satuhinipun kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya ingkang wonten dateng menika sampun kados sederek lan kulawarga,namung kula kedah nglanjutaken ngangsu kwaruh wonten ing pawiyatan ingkangluwih inggil, kula kedah sanget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur, bilih menawi wonten kelepatan kula nyuwun agenggipun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr Wb

15 comments: